J one s'ka
belajar untuk berkarya, jadikan inspirasi mu sebagai modal menggapai masa depan

Salam Redaksi

Kartini

Category : ,
Raden Adjeng Kartini utawi langkung leres Raden Ayu Kartini, (Jepara, 21 April 1879 - Rembang, 13 September 1904), punika satunggiling pahlawan nasional R.I.

Raden Adjeng Kartini punika satunggiling priyantun Raden Mas Sosroningrat, bupati Jepara. Piyambakipun putri R.M. Sosroningrat saking sémah pratami, anging sanès sémah utami. Kala punika poligami inggih dipun-anggep biasa. Kartini piyambak mriksani menawi prakawis punika ngawiti pangrusakan saha papecahan ing antawising anggota kulawargi, piyambakipun mboten sarujuk. Prakawis punika antawis sanès amargi piyambakipun naté sinau ing sekolah Walandi.

Ngantos yuswa 12 taun, Kartini saged sekolah ing satunggiling sekolah Walandi. Wonten mriki piyambakipun sinau basa Walandi. Anging rikala sampun 12 taun, piyambakipun kedhah manggèn ing griya amargi sampun piningit.

Amargi Kartini saged dhumateng ing basa Walanda, lajeng wonten griya miwiti sinau piyambak saha nyerat kaliyan réncangipun ingkang saking Walandi. Salah satunggiling inggih Rosa Abendanon ingkang kathah ndukung.

Lajeng Kartini dipundhawuhi krama kaliyan bupati Rembang, ingkang sampun kagungan èstri tiga. Kanggé Kartini punika satunggiling penghinaan ingkang dipunalami mawi tabah. Tibakipun sémahipun mboten patiya ala kaliyan Kartini dipuncaosi kabébasan relatif.

Putra pratami kaliyan ugi ingkang pungkasan lair ing tanggal 13 September 1904. Pirang dinten sasampunipun Kartini séda ing yuswa 25 taun.

Alasan :
Wacana di atas termasuk ke dalam jenis wacana narasi karena wacana di atas berupa profil seorang tokoh terkemuka yaitu Kartini. Dalam wacana di atas dikemukakan tentang hal-hal yang bersangkutan dengan Raden Ajeng Kartini, mulai dari lahirnya, kehidupannya, hingga meninggal. Tetapi tidak dijelaskan secara mendetail. Sehingga setelah membaca pembaca merasa seperti telah bertemu dengan tkoh tersebut.


Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
http://jv.wikipedia.org/wiki/Kartini

0 komentar:

Kegiatan SMAKARA


Komonitas J1ska

Uneg - Uneg

.